PUISI BANYUMASAN ALA WANTO TIRTA



Java Computer  Ajibarang

CENTHENG DESA
Wanto Tirta 

awang-awang kanggo blayangan
sapa nyana wolak-waliking jaman
agi gemiyen sekolah sekolah deweke kesed tur bebehan
biji kur mung-mungan
senajan wong tuane kelebu sugih lumayan
ningen bocahe mrah mrahan
malah kembul preman dadi centheng bajaran
gatha gethe tingkah polahe
pengrasane wis dadi wong kutha
maring tangga teparo nidokna tato
neng ngarep bapa biyunge mbrekeseng malang kedhek
karo bocah nom-noman mingkis klambi mbledeh benik
ngumbar omong yen dheweke siki dadi wong gledegan
aja wani sambat sembarangan
aja monggeni wayah bengi
woen wuni kulite abang
bocah wingi aja kemlinthi
angger wani maju tek tendhang
weh lah dalah …
reformasi mula bukane partai politik ngrembaka
wong padha balapan gawe partai
rumasa ana kasempatan centheng desa melu bae rebutan
bab akeh batire
dong rembugan kapilih dadi pengurus
sing bakal nggulawenthah obah mosiking partai
nganggo dasi dawa sesisih
esih bersih moh deresiki
ana reformasi padha rebut korsi
wong cilik repot nasi
nah
pancen arep go dalan polah
pemilu degelar deweke kepilih dadi calon anggota dhewan
tambah sungringah
terus bae kampanye blusak blusuk mider desa
janji-janji lambe umpruk deambrah-ambrah
sanggup majukna desa
nyejahterakna rakyat
sing deomongi kur manggut-manggut
centheng desa pidhatone tambah rosa
dekeproki kaya agi bur dhara
tawa program ngambyah-ngambyah
bareng rampung desubya-subya
kabeh para rawuh padha nyembah
asung bekti kon amplope tambah
kaos bolong madan cungklang
bolong sepira detambal dluwang
milih inyong aja sumelang
kanggo rika siap berjuang
lah jan
agi sekolah dewulang ngesuhna guru
angger ulangan olihe sindik ondhol utawa korsi njengking
soten pinter embret omongan
ketambah dunya wong tuane lumayan
kena kanggo sangu golet bithing swara
bisa wuwur maring kanca sedulur
nandur bligo oyode mulur
nandur beweh madhep dhuwur
arep jago eman sedulur
sregep aweh sregep wuwur
wow kedadian
centheng desa dadi wakil rakyat
tambah mbrekeseng cementheng centheng
omonge rosa polahe neka-neka
senajan kemampuane mung-mungan
pikire cupet pengalamane saupret
modal nekad kena nggo sangu mulya
mangkat siding sing penting tanda tangan
jagong grok nyuled rokok
utawa ngantuk silir-silir lenggak lenggok
senggar senggur ngorok ora mikir sidang wis dekethok
mangsan mikir mbodokna batir
mangsan tampa gaji tanda tangan gemati-gati
ati ngekeng ora kena kecuil
salah kedaden ‘wakil rakyat’ sing ‘mata dhuitan’
dunya rakyat padha go jimpitan
rembug anggaran ana sing go rebahan
reformasi gembar gembor awang-awang
ora olih tuku utawa adol korsi
ayuh bareng brantas korupsi
mbela nasib wong cilik sing taun-taunan melasi
ningen deweke mengkruk-mengkruk jangong korsi
nyulap kuitansi dadi buksi
nggedekna anggaran kanggo blanjaan
kunjungan kerja’ jane pakansi plesiran
bancikan dingklik kanggo golet bandha
limang taun gaji mlarah-mlarah
ana kritik ora degubris
ana saran delebokna kranjang
dadi politikus aja rakus
eling janji aja kelalen berjuang
rakyat ngenteni kasejahteraan
nabuh gong tabuhe nyilih
ana kuwali abang putih
bareng jagong kelalen sing milih
ora tau bali ora tau mulih
wolak waliking jaman jumpalitan
wakil-wakil sontoloyo’ mipil kebedag
deuber-uber neng kapeka
mipil desered mlebu penjara
centheng desa kedher wedi polisi
dina wengi jampa jampi
golet dukun kanggo nutupi bukti-bukti kuitansi
supaya ora katon nglomboni
bener jejer
becik ketitik
ala ketara
katon wera-wera
ruh reformasi esih akeh sing suci
wakil sing bersih tetep sumunar madhangi ati
terus berjuang awan bengi
centheng desa deadili kebukti korupsi
pog ging pog mlebu bui
astaghfirullahal’adzim
Wanto tirta
NGEBOR
gara-gara pinter geol bokong
munggah panggung derubung wong
nembang dangdut ngorong-ngorong
panggung oyag geyang geyong
sing ngibing karo gleyar gleyor
senggoyongan ayag oyog
tembang danggdut kanggo kasenengan
dadi dalam pangan wong pirang-pirang
nonton tivi nyetel radio maca koran
jagad oreg padha surakan
akeh wong wadhon pada sumelang
wegah ginggang mbok detinggal sing lanang
golet bojo sing bisa goyang
gara-gara pinter geol bokong
pahal nembang olih dhuit segebong
bali desa dadi cukong
kena nggo gawe gedhong magrong-magrong
bungahna kulawarga atine bombing
tua nom lanang wadhon
dina wengi kepengin ngebor
keliru ngebor
bokong dadi nglosor
kesasar ngebor pipa lapindo malah bocor
gawe sengsara maring wong
keliru gleser ati tambah gemeter
keliru guyer bisa keblinger
keliru ngisor puser weteng mlendhung rasane kleyer
ingsar ingser dopok ratu ngebor
akeh wong kepengin kesohor
bisa ngebor nganti nyonyor
kon sing lanang tambah nyosor
ibu-ibu gisus kepengin nyonto
rame-rame latihan ngebor
bokong deingser rasane seer
tapih nyrimped tiba kejongkong
bathuk mlenong nangis ngorong-ngorong
gara-gara pinter geol bokong
ider bokong butul hongkong
niat nyambut gawe malah entong brontong
bali ngode umah gari seplong
bukak senthong atine nlangsa nggelolong
neng luar negri deremehna wong
golet dolar olihe weteng jemblong
dadi korban gawanane tekong
sing teyeng geol bokong tambah kesosor
sing tiru-tiru kur padha ndomblong
kelalen maring budhayane inyong
kudhu eling lan waspadha
majune jaman ora kena diadhang
rembesing budhaya terus blandhang
mulane padha sangu benteng iman lan taqwa
kanggo cekelan brayan neng alam dunya
kanggo celengan neng alam akherat
aja nganti keblinger ora due uger
aja nganti necer neng ngisor wudel
mbok dadi urip ora due pager

Java Computer Ajibarang
JAVA COMPUTER
LEMBAGA KURSUS DAN PELATIHAN
SERVICE/REPAIR COMPUTER-LAPTOP/NOTEBOOK -PRINTER
Mobile : 085743622909
Phone : 0281 572 154 - 6570233
Jln. Pandansari No. 9 Kauman Ajibaran


0 komentar:

luvne.com resepkuekeringku.com desainrumahnya.com yayasanbabysitterku.com