Penganten Anyar
Wanto Tirta
bujang prawan janji nglamar
urip bareng kulawargan
gethok dina niat besan
nyebar uleman maring kadang
gawe jenang masang tratag
janur kuning depasang ngarep lawang
spiker nggenthoar calung campur sari kanggo hiburan
aweh ngerti khajatan wis demimiti
wong kondangan nyangking tromol ndilir nuli
para sinoman peladen sandhangane seragam rapi
nyambut tamu kakung putri
nyunggi baki isi pacitan jenang wajik apadene utri
meja njacrah nderet toples isi roti
sohibul khajat bungah ati
mesem guyu karo nyobati
mangga sami dedhahari
sobatan kangge panjenengan sami
besan teka gawa jodang isi panganan
bakal penganten dandane mloes pisan
sing wadon lambene menter-menter
sing lanang maras deg-degan raine menger-menger
pengulu teka penganten ngijab
rampung ngijab terus jejer
tumpeng ingkung neng meja ander
swasana bungah rame-rame
deselingi campur sari lewih maen
tuku suweng maring pasar
pasar klewer ana undar
paling seneng penganten anyar
bubar jejer udar-udar
penganten sekalian mesem guyu
semu isin kambi para tamu
lingsir wektu adicara jejer penganten rampung
para tamu sami kondur
gari para ladhen keduman beres-beres
sing duwe khajat mlebu senthong
sumbangan numpuk segebong
atine monggok rasane plong
bojo laki cengar cengir dikut beresi
decarik-carik ndarik-ndarik
benang lawe semune mulur
pethilane degawe kasur
baranggawe tamune elur
bubarane akeh sedulur
jingkat jingkut pengantene mlebu senthong
mambu wangi kembang mlathi
rasa kesel wis deliwati
atine deg-degan arep dewiwiti sing endi
jagong amben delang deleng ting pentheleng
sing lanang manthuk sing wadon dingkluk
ngemek bathuk keliru kupluk
bareng nylinguk sing wadon kesikut
dengak maning murug tengkuk
ati medhedheg arep kesuh
bareng tangane decekel mlirik rikuh
pipine desun rasane alah mbuh….
lampu listrik degeyang geyong
aja brisik mbok ana wong
lampu listrik deuthak athik
ngesun sethithik krasane asik
siki wis rinaket tali nikah
janji sekeloron pati urip dadi sumpah
penganten anyar babar tresna
buktekna agine gendhakan
kepenginane sepirang-pirang
gayuh umah tangga sing kepenak
sakinah mawadah wa rohmah
urip mulya ketrima gusti allah
ora srakah sing penting brekah
buang runtah godhonge dhamar
damar loro kayune mubah
angi bungah penganten anyar
bukak kadho isine grabah
swasana umah rampung khajatan
sing rewang umbah-umbah grabah
sinoman rampung kari resik-resik panggung
barang silihan debalekna kabeh
besan kondur nyangking brekat
bapa biyung bungah due mantu anyar
jangan beweh debuntel klaras
kanggo lawuh madan enak
baranggawe olih akeh beras
olih mantu tambah anak
JAVA COMPUTER
Jln. Pandansari No. 9 Telp. 0281 572 154 - 0281 6570 233
Mobile : 085 743 622 909
Lembaga Kursus dan Pelatihan Computer
Service : Komputer, Laptop/Note Book, Printer
Siap Panggil Kursus/Service Reparasi Privat Kantor/Rumah
0 komentar:
Posting Komentar