KUMPULAN ORET-ORETANE WONG AJIBARANGAN SING GELEM CORAT-CORAT LUMAYAN KENA NGGO DEHEM UTAWI MGRINGIS... KARO NGUMPET TEYENG YAAHH..... KO TAH!!!!
WONG CILIK
Wong cilik
Wis mesti pahale olih setitik
Njagani weteng aja ngasi
kemlikik
Nasibe wong cilik
Wis biasa diotak atik
Ken nggo nggolet dingklik
Dijanjeni klambi batik
Madang lawuh iwak pitik
Kerja neng pabrik
Ya… wis mesti goli
mbelani tilalaih pating pendelik
Prasasat mata arep
mletik
Dinggo mlarak-mlirik
Lungguh onten dingklik
Ngangklik angklik
Mesam mesem bareng wis dilantik
Wong cilik pada ngenteni janjine nganti untune gathik
Jebul cempulek cebol nggayuh lintang
Lintang lintang kemukus, jan rika NDLEPUS….
KLONTANG KLANTUNG
Wis ora kepetung
Inyong goli urip
klontang klantung
Ngalor ngidul ngetan
ngulon nggolet pithulung
Saben-saben bali nglantung
Turu kemulan sarung
Pikiran gemrungsung
Si gonang melu bae ngacung-ngacung
Njaluk jatah thung-thung
Bojo turu njekukrung
Tek lutik malah turune mlengkung
Gelem thung-thung asal tukokna kalung
Dasar bojo gemblung~~!!!!
Inyong kesuk, tek kuwel sarung
Malah gemblung karo nangis nggerung-nggerung
Tangga teparo gemrudug ngrubung
Inyong mlayu tib bleg…! Kepancal sarung
Inyong umpetan neng kebon
kangkung
Kewenangan sing
duwu pekarangan
Ujarku arep de penthung… ee hh malah ditulung
Esuke inyong dijek
dagang kangkung
Neng pasar karang
pucung
Alhamdulillah
Sepet kedadian kuwe mau…??
Inyong siki wis dadi bakul kangkung
Dagangane mundung mundung
Inyong syukur rentung
Bojo turune wis ora njekungkrung
Wis tek tukokna kalung
Angger arep turu nawani.. “mas bade thung thung”…??!!
Inyong seneng retung
Turu dadi sesarung
Jan anget retung
Tangga teparo neng latar pada rubung
Inyong karo bojone dolanan kenthongan than thung than thung
Urip ora duwe utang jebule enak retung
Pancen gusti Allah angger aweh pithulung
Mawi cara sing ora kegliga
Mulane urip ora usah khawatir
Usaha lan nyuwun pithulung
Aja gampang mutung
Mesti Gusti Allah aweh pithulung
TANI BEKIKUK
Rama biyunge inyong wong tani bekikuk
Duwe sawah sebathuk
Di ipuk ipuk nganti awake wungkuk
Kya wit pari sing meh
dipanen ndengkluk
Senajan awakke wis wungkuk
Mlakune wis athak athuk
Ramane esih kuat macul ora ketang kecegak keceguk
Sawah sebathuk
Ya mesti kasile mung sepethuthuk
Nggo pranti madang
dujukuti cut seciduk
Kasil liane budin sing ditandur neng galengn sing muntuk
munthuk
Kena nggo gawe gethuk
Nggo pranti lawuh medang clebek lawuh gethuk
Apa maning kami ngrungokna uyon-uyon banyumasan
Dibatiri biyunge kambi nginang nglethuk jambe klethak kletuk
Rama biyunge inyong angger lara ora gelem mangan obat
Jere ora mathuk
Cukup sewirna kulit kayu klewingan gugedna mbathuk
Madang lawuh tegeyan godong
bleketupuk
Sambel trasi cowel jengkol beweh kletak klethuk
Awak metu kringet mathuk
SARUNG SEWEK
Sarung sewek
Di wolak walik ya sewek
Sepuluh puluh kena nggo nutupi beyek
Beyek wis meyek meyek
Di nggo ongkek
Sedela bae krasa bengkek
Kepriwe maning wis kuduk ongkek
Ora ongkek ora nyekek
Sedina dina ongkek
Kasile paling kena nggo tuku beras karo gesek
Madang lawuh gesek
Anak nagis mewek mewek
Njaluk madang lawuh rempeyek
Gabul gasek (sega ngebul
lawuh gesek)
Crita sarung sewek
Beyek bengkek meyek meyek
Madang lawuh gesek… kiye
Angger krungu kaum intelek
Paling njawabe “kuwe
salahe dewek”
Kambi madang neng restoran lawuh panggang bebek
Cekakak cekikik dibatiri ciblek
Nasib nasibmu dewek
Nasib nasibku dewek
E….. G…..P (emang gue pikirin)
NININE
Kakine wis sepuh wis linglung
Sering nangis
ngungung-ngung-ngung
Ngresulah jere wis langka sing gelem nyekuyung
Tembe tes dahar ngomonge durung
Wis biasa kakine angger njaluk mangsrang mungsrung
Dijaluk dahar lawuh ingkung
Dianani ingkung njaluk kluban lembayung
Dianani kluban lembayung njaluk jangan kangkung
Lagi ngrakoti jagung
Diomongi “esih kuwat jagung” kesinggung
Terus mutung
Jan… jan… ngesuhna retung
Ngadepi kesepuhan pancen atine kudu landung
Aja ngasih muthung
Kabeh mau wis kodrat nasehati priyayi agung
GAMBLONG GAMBLONG
Blong digablong gablong
Cilik inyong digablong gablong
Mbesuk gede duwe umah
gedhong
Umahe magrong magrong
Lampune pathing pencorong
Bojoku moblong moblong
Blong digablong gablong
Kepengine duwe omah gedhong
Nanging nyatane umahku pagere pada bolong
Sakane pada doyong
Lawange pathing plompong
Awan mbengi nggo plodosan bangkong
DUWIT
Ora duwe duwit urip rasane pait
Kabeh-kabeh dadi pathing bleketit
Goli usaha wis
nyungsang njempalit
Kon kaya ngapa goli komat
kamit
Tilalaih mangan sing pait-pait
Ndeleng anak bojo madang lawuh krupuk kulit
Turu emped empedan kaya iwak gapit
Ati rasane pathing
clekit
Priwe carane goli ngotak atik
Supaya urip mentas sekang pailit
Ora kethan cut sepethit
Gembar gembor arep ngrubah nasibe kawula alit
Laaa….hhhh siliiiit
Nyatane tambah pathing pleketith
KRIDIT
Kakehen duwe kridit
Urip dadi morat marit
Apa-apa di-irit-irit
Ngamale di encrit-encrit
Motore kridit
Meja, kursi, tv, kasur kridit
Klambi, sandal kridit
Numpak motor onine dit-dit
Nonton tv acarane diet-diet
Klambi dikebut monine dit dit
Sandale di nggo
srek-srek dit
Ngentute maune monine duut.. dadi diiiiit
Saking mumete diudag-udag kridit
Angger ditagih umpetan longan kemulan jarit
Angger ketanggor aweh
arit
Sing nagih mlayu nggendurit
Utang duit nyaure pencak juruse ngedengi silit
MENDOAN ANGET
Mendoan dipangan esih anget enak pisan
Apa maning karo nyigit Lombok
Ambekane nganti rengosan
Medang lawuh mendoa
Disambi dopokn
Nyritakna ekonomi
sing lagi korat-karit ora karuan
Kaya ilmuwan
Mblekethaket pisan
Medang lawuh mendoan
Neng warunge kang darmaji nyenengi pisan
(dahar lima ngomong siji)
Bareng diwelehna raine pucet pisan
Kepaksane niggali clana kanggo jaminan
Medang neng warung mendoan
Kena nggo nguji kejujuran
Darmaji (dahar lima ngomong siji)
Darroji (dahar loro ngomong siji)
Darngaji (dahar sanga ngomong siji)
KLONTHANG KLANTHUNG
Klontang klantung
Nggolet pithulung
Dadi pengangguran suwene ora kethung
Klontang klontang
Bali nglantung ora
ana sing gelem tulung
Turu kemulan sarung
Pikiran gemrungsung
Eh… si gonang ngacung
Si gonang melu bae ngacung-ngacung
Njaluk jatah thung-thung
Bojo turu njekukrung
Tek lutik malah turune mlengkung
Gelem thung-thung asal tukokna kalung
Tek janjeni arep tek utang na kalung
Eeh malah ngarani inyong
kemlungkung
Wong tukang lontang lantung
Sapa sing ngutangi kalung
Inyong kesuh retung
Bojo tek tubruk karo sarung
Malah nangis nggerung-nggerung
Tangga teparo gemrudug ngrubung
Inyong arep dipentung
Inyong mlayu tiba bleg kepancal sarung
Inyong mlayu umpetan neng kebon kangkung
Kewenangan sing duwe kebon
Ujarku arep menthung…
ee hh malah ditulung
Esuke inyong dijek
dagang kangkung
Neng pasar karang
pucung
Inyong siki wis dadi bakul kangkung
Bojo wis tek tukokna kalung
Turune wis ora njengkungkrung
Angger arep turu nawani
mas? Mbok bade thung thung
Inyong senenga rethung
Tangga teparo pada ngrubung
Pada ngode njireti
kangkung
Inyong karo bojone nabuh kenthong thang thang thung thung
Urip ora duwe utang jan …. Ayem rethung
Pewelingku maring kanca bather sing esih klonthan klanthung
Terus usaha aja muthung
Gusti Allah angger aweh pithulung
Mawi cara sing ora kepethung pethung
Kaya inyong kiye ora dinyana-nyana dadi bakul kangkung
Maune ya klontang klantung
Kelilan
GETHING
Inyong jaaann gething
Ndeleng bojo nganggo klambi pating jepipring
Menger menger lipene
malah kaya lambe suwing
Sandale jinggring
kaya pedogol pring
Rambute direbonding
Raine saben wengi dikaprok krim jere kon meling
Kukune dikitek kuning
Matane di sogi lensa kaya mata kucing
Wetenge di gubed korset jere kon ceking
Padahal angger madang enthong se cetihing
Kalunge kluwer-kluwer
model cacing
Suwenge jejer-jejer
ngebeki kuping
Klambine ndobleh
nggon dhadha orang dikancing
Angger ngomong lambene
digawe-gawe monyang-manying
Kaya ngemut gamping
Untune di bekel jere
kon dadi ramping
Angger dipenging
Semaure mengena kuping
Urip wegah kesaing
Ora ngemuti inyong
suamine drajate pedagang keliling
Nggolek duit nganti kepontang panting
Nggo nuruti jalukane sing gawe pusing
Angger ora dituruti
turune ngikepi bantal guling
Angger wis kaya kiye inyong kemutan biyunge go liweling
Anger ngarah bojo aja sing wethone dina paing
Kok dewek wetone ya dina paing
Paing karo paing
ketemune beling
Uripmu ya dadi kebathing banting
Duh biyung
pangampurane inyong sing ora-ora eling
Rika tau weling
0 komentar:
Posting Komentar